Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal UTS dan UAS Basa Jawa Kelas 6 Semester 1 Kurikulum 2013

Postingan kali ini saya akan membagikan Soal UTS dan UAS Basa Jawa Kelas 6 Semester 1 Kurikulum 2013. Soal ini sudah kami lengkapi dengan kunci jawaban. Sehingga adik adik dapat dengan mudah mempelajari soal bahasa jawa ini.

Soal Basa Jawa Kelas 6 Semester 1

Soal ulangan ini bisa kita jadikan sebagai soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 1 2018, 2019 dan 2020. Di mana soal ini bisa digunakan pula untuk soal ulangan harian bahasa jawa kelas 6 semester 1 kurikulum 2013. Bisa juga digunakan untuk latihan soal UTS basa jawa kelas 6 semester 1.

1. Riyaya Imlek iku dirayakake sedulur kita kang ngrasuk agama ….
a. Islam
b. Konghucu
c. Budha
d. Kristen
Jawaban: Konghucu.

2. Nyonya Giok luwih seneng ngladeni pesenan saka kanca-kanca lan pelanggane tinimbang ana mall utowo supermarket amargo ….
a. Langsung dibayar kenceng
b. Ora bayar pajek
c. etung-etungane luwih gampang
d. bathine luwih akeh
Jawaban: Langsung dibayar kenceng.

3. Kue keranjang dagangane Nyonya Giok dikandhakake cukup unik, sebab ….
a. Bisa tahan suwe
b. Rasane ana patang warna
c. ukurane luwih gedhe
d. wernane sing nyleneh
Jawaban: rasane ana patang warna.

4. Kejaba oleh tambahan blanja, Nyonya Giok ugo bisa dum-dum angpao marang para fakir dalah kerabat-kerabate. angpao tegese ….
a. Amplop
b. Duit
c. fitrah
d. upah
Jawaban: fitrah.

5. Kue keranjang gaweane Nyonya Giok rasane patang warna, bahan baku sarta carane nggawe padha karo kue keranjang umume. Bedane mung carane nljadreni glepung beras sadurunge kue dimasak. Pitakon sing jumbuh karo wacan ing ndhuwur ….
a. Apa bedane kue keranjang gaweane Nyonya Giok karo kue keranjang umume?
b. Kepriye carane njladreni glepung kue keranjang gaweane Nyonya Giok?
c. Tenaga sing mbantu Nyonya Giok gawe kue keranjang ana wong piro?
d. Apa sebabe Nyonya Giok ora adol kue keranjange ana super market?
Jawaban: Apa bedane kue keranjang gaweane Nyonya Giok karo kue keranjang umume?

6. Kue keranjang gaweane Nyonya Giok rasane patang warna, bahan baku sarta carane nggawe padha karo kue keranjang umume. Bedane mung carane nljadreni glepung beras sadurunge kue dimasak.
Isi pokok paragraf ing ndhuwur ….
a. Kue keranjang gaweane Nyonya giok rasane ana patang warna
b. Kue keranjang Nyonya Giok rasane caramel, pandhan, cokelat lan jeruk
c. Kue keranjang umume rasane legi gulo abang
d. Kue kleranjang dagangane Nyonya Giok cukup unik
Jawaban: Kue keranjang gaweane Nyonya giok rasane ana patang warna

7. Ukara ing ngisor iki sing klebu krama alus, yaiku ….
a. Bapak lagi maos koran
b. Budhe maringi sangu kulo
c. Aku diutus ibu tuku gula
d. ibu sampun kondur nitih dhokar
Jawaban: ibu sampun kondur nitih dhokar.

8. Yogyakarta Gamelan Festival (YGF) 2011 dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta , malem setu kala wingi (8/7) lumampah regeng. Festival ingkang ajeng dipungelar saben taun punika ngumandangaken maneka gendhing ingkang dipungarap dening saben paguyuban.
Isi pokok paragraf ing dhuwur ….
a. YGF 2011 dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta
b. YGF 2011 dipun gelar malem Setu kalawingi (8/7/2011)
c. YGF 2011 ing Yogyakarta lumampah regeng
d. YGF 2011 ngumandhangaken maneka gendhing.
Jawaban: YGF 2011 dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta.

9. Sinaosa pangrawitipun taksih lare, pranyata kuwawi damel kepranan para pamirsa. Tembung kepranan padha tegese karo ….
a. Kegelan
b. Kepencut
d. seneng
c. kagol
Jawaban: kepencut.

Baca juga:

  • soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 1 2018 daan 2019
  • soal bahasa jawa kelas 6 semester 1 2019
  • dan soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 2020

10. YGF dipun regengaken dening pangrawit diwasa ugi pangrawit ingkang taksih lare. Dipunregengaken tegese ….
a. Ditindakake
b. Dilakoni
c. digayenegake
d. diparagani
Jawaban: c. digayenegake.

11. Raja Astina nandhang duhkita amargo ora sethithik prajurit Astina kang gugur ing Perang Bharatayuda. Duhkita tegese ….
a. Susah
b. Seneng
c. bungah
d. gumbira
Jawaban: susah.

12. Raden Lesmana Madrakumara gugur ing Perang Bharatayuda dening Raden Abimanyu , Raden Lesmana Mandrakumara iku putrane ….
a. Prabu Duryudana
b. Adipati Karna
c. Raden Kumbakarna
d. Raden Werkudara
Jawaban: Prabu Duryudana.

13. Kamangka wis disarujuki manawa wektune peperangan iku kawiwitan wanci esuk nganti “wayah bagaskara angslup”. Tembung kang kacetak kandel tegese ….
a. Wayah bangun esuk
b. Wayah sore
c. lingsir wengi
d. wayah bedhug
Jawaban: wayah sore.

14. Raden Gatutkaca watake ….
a. Ala, ora netepi kuwajibane dadi satria
b. Luhur budine, jujur, seneng tetulung
c. jirih, ora wani ngadhepi mungsuh
d. gampang nesu lan seneng goroh
Jawaban: Luhur budine, jujur, seneng tetulung.

15. Adipati Karna dadi senapati kinen tumuju pakuwone Padhawa. Pakuwon tegese ….
a. Pekarangan
b. Pasawahan
c. papan angon
d. pasanggrahan

16. Wengi kang peteng iku dumadakan dadi … dening akehing obor kang digawa dening para prajurit.
a. Cetha
b. Ngegla
c. padhang
d. sumringah
Jawaban: c. padhang.

17. Raden Gathutkaca gugur ing paprangan jalaran kena pusaka ….
a. Kunta kagungane Adipati Karna
b. Cakra kagungane Prabu Duryudono
c. Kunta kagungane Prabu Duryudana
d. cakra kagungane Prabu Rama
Jawaban: Kunta kagungane Adipati Karna.

18. Prabu Kresna paring dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya ngundurake prajurit Kurawa saka pakuwone Pandhawa. Dasar satriya utama Raden Gathutkaca … dhawuhe Prabu Kresna.
a. Nyendikani
b. Mbantah
c. mbalekake
d. nyulayani
Jawaban: Nyendikani.

19. Raden Gathutkaca iku putrane Raden … karo Dewi ….
a. Puntadewa lan Drupadi
b. Puntadewa lan Arimbi
c. Werkudara lan Arimbi
d. Werkudara lan Pregiwa
Jawaban: c. Werkudara lan Arimbi.

20. Prabu Kresna uga ndhawuhi Raden Werkudara lan Raden Arjuna supaya njaga kayuwanane pakuwon. Kayuwanane tegese ….
a. Karameane
b. Pepetenge
c. keslametane
d. pepadhange
Jawaban: Keslametane.

Soal Isian

1. Jayabaya, panjebar Semangat, lan Djaka Lodhang iku arane …. (majalah).

2. Kue keranjang sing wis mateng dikirimake menyang konsumen. Kosok baline tembung konsumen yaiku …. (produsen).

3. Nyonya Giok luwih seneng adol dagangane menyang para pelanggan-pelanggan sebab langsung dibayar kenceng. dibayar kenceng tegese dibayar …. (kontan).

4. Resi Bisma iku pandhita Talkanda, yen Durna iku pandhita ing ….(Sokalima)

5. Raden Gathutkaca bisa ngambah ing gegana tanpa lar. Tegese Gatutkaca isoh mabur tanpa …. (suwiwi).

6. Kunarpane Raden Gathutkaca kumleyang saka dirgantara nibani kretane Adipati Karna dadi …… (rusak).

7. Raden Gathutkaca gugur dadi … bangsa marga labuh negara, nyingkirake tumindak angkara. (pahlawan utawa kusuma bangsa).

8. Raden Gathutkaca ninggal garwan Dewi Pragiwa lan putra lanang arane …. (Sasikirana).

9. Bapak seneng nonton wayang kulit lakon Perang Bharatayudha. Basa kramane ukara kasebut …. (Bapak remen ningali ringgit wacucal lakon perang Barathayuda).

10. Perang Bharatayudha kedadean ana ing …. (palagan kurusetra).

Baca juga:

Demikian postingan hari ini, semoga dapat menambah wawasan adik adik tentang soal uts dan uas basa jawa kelas 6 semester 1 kurikulum 2013.

Posting Komentar untuk "Soal UTS dan UAS Basa Jawa Kelas 6 Semester 1 Kurikulum 2013"